silahkan latihan bisnis

SentraClix DbClix

Pages

Tampilkan postingan dengan label jurangbahas. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label jurangbahas. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 19 Juni 2010

Tembang Warga Desa

Jago Kluruk

Ing wayah esuk, jagone kluruk

Rame swarane pating kemruyuk

Wadhuh senenge sedulur tani

Bebarengan padha nandur pari

Srengenge nyunar kulon prenahe

Manuke ngoceh ana wit-witan

Paling cemruwit rame swarane

Tambah asri donya saisine

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Witing Klapa

Witing klapa jawata ing ngarcapada

Salugune wong wanita

Adhuh ndara kula sampun njajah praja

Ing Ngayogya Surakarta.

Lesung Jumengglung

Lesung jumengglung

Sru imbal-imbalan

Lesung jumengglung

Manengker mangungkung

Ngumandhang ngebegi

Sajroning padesan

Thok thok thek thok thok gung

Thok thok thek thok thek thok gung

Thok thok thek thok thok gung

Thok thok thek thok thek thok gung

Kembang-Kembang

Kembang blimbing mbing maya-maya ya

Kembang pelem wujude ingklik ketela

Kembang kacang lan kara padha kupune, lha kae

Kembang pring blas-blasan kaya carange

Kembang jambu lan randhu metu karuke, lha kae

Dhasar blanggreng Si kopi pemacakira

Dhendheng Kenthing

Dhendheng kenthing thing

Sambel lonthang thang

Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan

Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa

Caosena temanten krenteg kawula

Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe

Rowa rawe temanten ketemu sore.

Turi-turi putih

Ditandur neng kebon agung

Duwe bojo ora tau mulih

Sabane mung turut warung

Mbok ira-rnbok ira

Mbok ira kembange apa

Kembang-kembang mlathi

Ditandur neng tamansari

Anak bojo kudu diopeni

ing tembene bisa migunani

Mbok ira-mbok ira

Mbok ira kembange apa

Minggu, 06 Juni 2010

Kamandaka versi Jurangbahas


Ing Negara ingkang misuwur anggenipun swasembada pangan, Negara Pajajaran ingkang dipun pandegani dening Prabu Siliwangi, rakyatipun sami aman, guyub rukun lan makmur. Amarga Prabu Siliwangi anggenipun mimpin kawentar adil lan wicaksana tumrap rakyat lan nayoko praja. Sang Prabu ugi nggadhahi putra sekawan, ingkang sepisan iinggih menika Banyakcatra, Banyakngampar, Retnopamekas, lan Banyakblabur. Saking putra sekawan menika ingkang langkung piter inggih Raden Banyakcatra.

Banyak catra ingkang asrig dipuntimbali pangeran ugi sopan dhumateng punggawa ing istana , lan kerep medal saking istana anggenipun ningali kahanan ing njawi istana. Ing setunggal dinten, Banyakcatra ngangen-angen bilih piyambake pengin saged nggadhahi garwa ingkang sami kaliyan ibunipun. Lajeng piyambake matur kaliyan Sang Prabu.

Sesampunipun matur kaliyan Sang Prabu, Banyakcatra lajeng nyuwun pamit kaliyan Sang Prabu lan Ibu minangka badhe mados garwa ingkang dipun remenaken. Banyakcatra mlampah tumuju ing sisih wetan. Lan sampun dangu anggenipun mlampah, Banyakcatra dumugi kadipaten ingkang ageng lan nggadhahi kaendahan alam lan subur. Wonten mrika, Banyakcatra ngrubah namanipun dados Kamandaka supados boteen ketingaal minangka pangeran saking Pajajaran. Ing dinten menika, Kamandaka sumerep putrid saking kadipaten menika miyos ing ngajenge. Kamandaka ngraos sengsem dhumateng putrid wau ingkang ayu, inggih menika putrid saking Adipati Kadandaha inggih menika Dewi Ciptarasa.

Banyakcatra nggadhahi tekad bilih Dewi Ciptarasa kedah dados garwanipun. Kangge nyaketaken kaliyan Dewi Ciptarasa, Kamandaka nglamar dados prajurit ing kadipaten. Kamandaka dipun tampi dados prajurit ing Kadipaten Pasirluhur. Ingkang ngangkat dados prajurit inggih menika Patih Reksanata. Kamandaka ingkang samenika sampun dados prajurit kadipaten nggadhahi tugas ngawal lan njagi kawontenan ing kadipaten. Pepanggihanipun Kmandaka kaliyan Dewi Ciptarasa dipun wiwiti saking lepen nalika Adipati Kadandaha ngawontenaken sengkrama, inggih menika mados ulam wonten Kali Logawa ing kidul kadipaten.

Sesampunipun wonten lepen, Kamandaka lan Dewi Ciptarasa sami nggandhani raos tresna, ananging Kamandaka menika naming dados prajurit ingkang pangkatipun boten inggil. Lajeng, Kamandaka asring wontenanken pepanggihan kaliyan Dewi Ciptarasa ingkang boten tiyang sanes ingkang mangertos, amarga Dewi Ciptarasa ingkang dijagi ketat dening pengawal kadipaten. Ngantos sawijining dinten, tiyang kalih menika kapergok kaliyan prajurit kadipaten lan dipun uber dening prajurit kadipaten. Prajurit ingkang kathah cacahipun, Kamandaka mlumpat pager istana lan kesah saking istana.

Ngantos panjenenganipun dumugi ing wana, prajurit ingkang kathah cacahe minika uga taksih mados Kamandaka. Lan sang Adipati ugi maringi dhawuh supados Kamandaka dipunperjaya utawa dipuntangkep. Ananging Kamandaka samenika lolos saking prajurit kadipaten. Lan panjenenganipun ngumpet ing salah satunggaling wana ingkang tiyang sanes boten ngertos, nanging prajurit ingkang taksih nguber menika ninggal Kamandaka lajeng dipunuber malih ngantos Kamandaka njegur ing kedhung ingkang misuwur angker utawa wingit, amarga tiyang ingkang sampun mlebet kedhung menika boten saged wangsul malih. Lan kangge mejahi Kamandaka, sesampunipun njegur Kamandaka dipununcali watu ngantos kedhung menika kebak watu.

Sesampunipun kebak, Kamandaka dipunnyatakaken sampun pejah lan kedhung menika dijenengi kedhung Petahunan. Ananging boten wonten salah setunggaling prajurit ingkang ngertos bilih kedhung Petahunan menika nggadahi guwa ingkang dipunginakaken Kamandaka kangge umpetan. Guwa menika tembus dumugi ing wana, saengga Kamandaka saged lolos saking prajurit. Ing wana menika Kamandaka mlebet salah setunggaling griya alit ingkang sepi. Samenika Kamandaka leren ing griya menika. Pranyata griya menika gadhahanipun Nyi Kertisara. Wonten mriku Kamandaka ngabdi lan diangkat dados putra kaliyan Ki Rekajaya ingkang nggadhahi kaprigelan anggenipun mados jago kangge aduan.

Raden Kamandaka asring ngadu jago, panjenenganipun asring menang anggene ngadu, lan asilipun dipunparingaken dhateng Nyi Kertisara. Gesangipun Nyi Kertasara saksampunipun wonten Kamandaka saya diten langkung sae. Rasukan lan gubugipun ugi dipundandosi ngantos dados griya ingkang sae. Wonten ing griyanipun Nyi Kertisara, Kamandaka sampun boten kelingan malih kaliyan Dewi Ciptarasa.

Wonten ing Negara Pajajaran, Prabu Siliwangi sampun saya sepuh. Naming panjenenganipun dereng kepanggih Banyakcatra ingkang dados pangeran. Sampun pinten-pinten taun Banyakcatra esah saking kerajaan kangge mados garwa ingkang sami kaliyan kang ibu. Sanget remenipun Sang Prabu kaliyan kang putra, lajeng Sang Prabu paring dhawuh dhumateng Banyakngampar supadhos madosi Banyakcatra ingkang sampun dangu kesah saking istana. Lan supados Banyakcatra wangsul dugi istana kangge dinobataken dados Raja ing Pajajaran. Banyakngampar ingkang dipundhawuhi ugi sampun dangu anggene kesah saking istana naming dereng nate kepanggih kaliyan Banyakcatra. Lan Banyakngampar tapa ing Gunung Megasumini kangge nyuwun pitulung saking Gusti.

Manut kaliyan Sang Rama, yen dereng kepangih kaliyan Banyakcatra boten purun wangsul, Banyakngampar nglajengaken mados Banyakcatra. Ngantos dumugi ing Pasirluhur, Banyakngampar ningali kahanan wonten mrika aman, tentrem, lan guyub rukun, panjenenganipun lajeng pengin nggadhahi kajeng supados dados prajurit wonten kadipaten. Amarga piyambakipun nggadhahi kelangkungan ingkang boten dipungadhahi dening prajurit sanes, Banyakngampar dipunangkat dados perwira ing kadipaten.

Perwira kadipaten kang nggadhahi wibawa inggil menika ngemban tugas saking Sang Adipati kanthi sae lan Banyakngampar ugi nggladhen dhumateng prajurit supados ningkataken kadigdayan prajurit ing Kadipaten. Saya dangu, prajurit ing negari Pasirluhur ugi dados saya kuwat.

Ing setunggaling dinten, wonten salah satunggaling prajurit ingkang nglapor bilih ningali Kamandaka. Kamandaka ingkang dipercaya sampun seda samenika gesang malih. Saksampunipun Sang Adipati ngertos kabar menika bilih Kamandaka taksih gesang, panjenenganipun paring dhawuh dhumateng patih supados ngirim prajurit sandi kangge nangkep Kamandaka. Lan saksampunipun dipunkintuni, prajurit saking kadipaten menika dugi wonten papan kangge adu jago ing dhusun Pengebetan. Prajurit ingkang nyamar dados Silihwarni menika dipunparingi patrem wonten ngandhap lare kangge merjaya Kamandaka. Lan jago menika dipununcalaken wonten Kamandaka, nanging naming kenging ing padharanipun Kamandaka sisih kiwa, Sang Kamandaka nesu lan Silihwarni menika ugi sampun nggadhahi niyat badhe merjaya Kamandaka.

Lajeng Kamandaka lan Silihwarni gelut, Silihwarni ingkang kasektenipun boten sabanding kaliyan Kamandaka menika kalah. Saksampunipun Kamandaka ngertos bilih Silihwarni menka prajurit saking kadipaten, lajeng Ki Rekajaya dipundhawuhi supados kesah saking dhusun kaliyan mbekta Kalamercu, jagonipun Kamandaka. Silihwarni lan prajurit sanesipun nlajengaken mados Kamandaka. Ngantos Silihwarni nantang Kamandaka lan adu kasekten ugi dipunlampahi. Samenika sami kuwatipun, lajeng kaliyan mameraken tantanganipun. Ing nginggil watu ageng, Kamandaka ugi matur tembung kang nantang.

Saksampunipun kepanggih kaliyan rayinipun, Banyakcatra ingkang dados Kamandaka menika wangsul dhateng Pajajaran kangge nuruti kersanipun Sang Prabu. Saksampunipun Banyakcatra dumugi sitinggil, Sang Prabu badhe ngawontenaken upacara paresmenan Banyakcatra dados Raja. Ananging Sang Prabu nembe kelingan bilih panjenenganipun nggadhahi janji dhumateng garwa ingkang nomer kalih inggih menika ibunipun Banyakblabur. Serat ingkang sampun dipundhamel riyin saderengipun Banyakblabur lair menika dipunparingaken dhumateng Banyakcatra.

Kanthi merdhikaning penggalih, Banyakcatra nampi kahanan kasebut. Nanging Sang Prabu tetep ngawontenaken sayembara kangge milih raja ingkang boten wonten cacatipun ing badhanipun Banyakcatra lan Banyakblabur. Sang Prabu kaget bilih Banyakcatra nggadhahi tatu bekas patrem wonten ing padharanipun. Banyakctra kalah naming panenenganipun boten kuciwa amarga luhur budinipun.

Dipunanggep urusanwonten kerajaan sampun pungkasan, Banyakcatra lajeng wangsul malih wonten ing negari Pasirluhur. Sadherengipun Kamandaka menika kepanggih kaliyan Dewi Ciptarasa, Kamandaka tapa ing Batir Agung lan tapa ing muara lepen Logawa kaliyan lepen Mengajai. Wonten mriku Kamandaka dipunparingi rasukan ingkang benten.Sesampunipun nggadhahi rasukan menika, lajeng dipunagem dening Kamandaka lan malik rupa dados lutung.

Ing wana caket kadipaten, Sang Adipati mburu kewan ing mrika ananging boten kados padatan, sampun sekawan dinten menika dereng angsal kewan ingkang dipunburu. Ngantos dumugi dalu, Sang Adipati kondur saking wana, ananing wonten kewan aneh ingkang nyaketi Sang Adipati. Lajeng Sang Adipati ngutus pengawalipun supados nangkep lan mbekta kewan aneh menika wonten ing kadipaten. Sesampunipun dugi kadipaten, kewan menika boten purun dipakani, nanging menawi Dewi Ciptarasa ingkang nyukani pakan lutunge gelem.

Dewi Ciptarasa ingkang sampun misuwur praupane kang ayu, bisa ndadekake pangeran pundi mawon kesengsem kaliyan panjenenganipun. Samenika prabu saking kerajaan Nusa Tembini ingkang taksih nem kang asma Pulebahas nggadhahi kersa nglamar Dewi Ciptarasa. Ananging Sang Dewi nggadhahi kudangan yen panjenenganipun purun nampi lamaranipun Sang Prabu.

Sang Prabu Pulebahas kaget marang kudanganipun Dewi Ciptarasa ingkang kados mekaten, nanging kudangan menika dipunsanggupi dening Pulebahas. Lan lamaran saking Pulebahas dipuntampi. Nanging wonten ing dinten ingkang sampun dipunsiyapaken kangge pengantenanipun Sang Prabu Pulebahas lan Dewi Ciptarasa, lutung ingkang dipunwastani Lutung Kasarung ucul saking kandhang. Kamangka kirabing penganten saking kadipaten tumuju ing Nusa Tembini sampun badhe katindakaken.

Ing satengahing margi, lutung ingkang sampun nyekel pusakane Prabu Pulebahas menika ngacungaken dhumateng Sang Prabu. Sang Prabu kaget lan ndadosaken tarung antarane Prabu Pulebahas kaliyan Lutung Kasarung. Ngantos dumugi Sang Prabu kenging senjata menika, lan Prabu gadhah pemikiran yen dipunlajengaken mesthi bakal kalah amarga senjata ingkang dados priandel menika sampun dicekel lutung sing dadi lawane. Lajeng Sang Prabu murka, mlebet Wuluh Gadhing ingkang dados pusakanipun Sang Prabu saking papan mrika kang arupi jurang. Lajeng, Kamandaka ingkang sampun malih rupa saking lutung wau wangsul wonten kadipaten Pasirluhur. Wonten kadipaten, Kamandaka diutus dening Adipati Kadandaha supados daup karma kaliyan Dewi Ciptarasa.

Sesampunipun karma, Kamandaka wangsul wonten Pajajaran kaliyan Dewi Ciptarasa. Sesampunipun wangsul ing Pajajaran, kamandaka boten purun dados raja lan wangsul ing Kadipaten Pasirluhur. Sang Adipati ingkang sampun sepuh menika marisaken tahta kadipaten dhumateng Kamandaka lan samenika kamandaka dados Adipati wonten Pasir Luhur.

Sethithik Tembang Saka Jurangbahas



Asmarandana
Ing Jurangbahas
Aku lunga durung bali
tanpa kabar tanpa warta
amung siji pandongaku
yen wis rampung bakal rampung
rampung golek ilmu
ilmu sandhanganing kalbu
ora baka ra setuju

Jurangbahas


Desa sing ana neng Kecamatan Wangon kuwe kelebu Desa sing nduweni Alam lan budaya sing edi. Jurangbahas sing angger numpak koperades utawa ojeg sekang wangon kira-kira 10 menitan maring ngulon kuwe nduweni alam utawa pemandhangan sing apik lan masyarakate uga ngugemi adat sing dadi warisan sekang luhure. Jurangbahas kang kalebu salah sijining desa sing tertib, aman, lan masyarakate uga guyub lan rukun ndadekna desa kiye selat suwe tambah apik lan maju.
Gemiyen nalika dalane urung diaspal, arang ana wong wani liwat neng Jurangbahas amarga gemiyen esih ana kebon tebu sing ngrengkem. nanging siki wis pada wani kabeh, nganti cilik tekan gedhe angger lunga maring Wangon utawa angger ana tontonan neng wangon mesthi padha wani amarga dalane sing padhang njingglang lan aman.
Jurangbahas kuwe nduweni sawah sing amba banget, sawah sing amba kuwe ndadekna kebutuhan beras kususe neng Kecamatan Wangon lan desane dhewek ora tau kurang. sekang wetan tekan tengah desa terus menggok maring ngelor kuwe wujude sawah. Dadi sawah neng kono bener-bener amba.
Angger lunga maring Jurangbahas kuwe ora kewatir ora aman, alame sing apik lan esih asri ndadekna wong kene pada apikan lan adem leleb. sekang kidul ana Igir Jati, lor ana Igir Blumbang, kulon ana igir karas lan sebelahe maning ana Curug Penganten. Desa sing ana neng Kecamatan Wangon kiye pancen kudu dadi wigatine masyarakat kabeh. Amarga tradisi, budaya lan alame esih asri lan wajib kita jaga. Mangga padha maring Jurangbahas, dijamin padha kepenin ngambah terus. Ana peninggalan sejarahe loh, kaya cerita rakyat lan petilaasan liyane.....