silahkan latihan bisnis

SentraClix DbClix

Pages

Minggu, 06 Juni 2010

Jurangbahas


Desa sing ana neng Kecamatan Wangon kuwe kelebu Desa sing nduweni Alam lan budaya sing edi. Jurangbahas sing angger numpak koperades utawa ojeg sekang wangon kira-kira 10 menitan maring ngulon kuwe nduweni alam utawa pemandhangan sing apik lan masyarakate uga ngugemi adat sing dadi warisan sekang luhure. Jurangbahas kang kalebu salah sijining desa sing tertib, aman, lan masyarakate uga guyub lan rukun ndadekna desa kiye selat suwe tambah apik lan maju.
Gemiyen nalika dalane urung diaspal, arang ana wong wani liwat neng Jurangbahas amarga gemiyen esih ana kebon tebu sing ngrengkem. nanging siki wis pada wani kabeh, nganti cilik tekan gedhe angger lunga maring Wangon utawa angger ana tontonan neng wangon mesthi padha wani amarga dalane sing padhang njingglang lan aman.
Jurangbahas kuwe nduweni sawah sing amba banget, sawah sing amba kuwe ndadekna kebutuhan beras kususe neng Kecamatan Wangon lan desane dhewek ora tau kurang. sekang wetan tekan tengah desa terus menggok maring ngelor kuwe wujude sawah. Dadi sawah neng kono bener-bener amba.
Angger lunga maring Jurangbahas kuwe ora kewatir ora aman, alame sing apik lan esih asri ndadekna wong kene pada apikan lan adem leleb. sekang kidul ana Igir Jati, lor ana Igir Blumbang, kulon ana igir karas lan sebelahe maning ana Curug Penganten. Desa sing ana neng Kecamatan Wangon kiye pancen kudu dadi wigatine masyarakat kabeh. Amarga tradisi, budaya lan alame esih asri lan wajib kita jaga. Mangga padha maring Jurangbahas, dijamin padha kepenin ngambah terus. Ana peninggalan sejarahe loh, kaya cerita rakyat lan petilaasan liyane.....

0 komentar:

Posting Komentar