silahkan latihan bisnis

SentraClix DbClix

Pages

Selasa, 01 Februari 2011

Penerapan Teori Hermeneutika Pada Cerita Jaka Tarub

1. Penerapan Teori Hermeneutika Gadamer Pada Cerita Jaka Tarub

Jaka Tarub

Kinten-kinten wonten ing taun 1300 M, wonten utusan (mubalig) saking Arab inggih menika Syeh Jumadil Kubro. Piyambakipun kagungan garwa ingkang asmanipun Ny. Thobiroh. Saking kramanipun menika, piyambakipun kagungan putra inggih menika, Syeh Maulana Magribi. Wekdal semanten, Syeh Maulana Magribi dipundhawuhi supados nyebaraken syariat islam wonten ing Pulo Jawa. Babagan menika amargi wekdal menika taksih kathah tiyang jawi ingkang agaminipun utawi kapitadosanipun hindu budha. Mila, Syeh Maulana Magribi miwiti nglebetaken syariat islam wonten ing tengah-tengah tiyang jawi, inggih menika nyaketaken dhiri kanthi cara tapa wonten ing inggil wit giyanti ingkang ageng sanget. Tapanipun Syeh Maulana Magribi menika dipunsebat tapa ngalong.

Wekdal menika, jamanipun Kadipaten Tuban. Wekdal menika, putrinipun Bupati Tuban, inggih menika Rr. Retno Roso Wulan utawi Nona Telangkas dipundhawuhi ramanipun supados nglampahi tapa ngidang wonten ing lebet wana 7 taun, boten pikantuk kondur utawi caket kaliyan manungsa lan boten pikantuk dhahar kajawi ron ingkang wonten ing lebet wana menika. Tujuanipun tapa menika inggih menika supados saged kepanggih kangmasipun, R. Sahid. Amargi tapa menika, lajeng Rr. Roso Wulan kagungan sesulih sanes inggih menika Kidang Telangkas. Lajeng Nona Telangkas kepanggih kaliyan Syeh Maulana Magribi. Piyambakipun nandang tresna kaliyan Syeh Maulana Magribi, lajeng krama kaliyan Syeh Maulana Magribi. Nona telangkas lajeng kondur piyambakan, boten kaliyan Syeh Maulana Magribi badhe ngadhep tiyang sepuhipun. Wekdal kondur menika Nona Telangkas ngandut. Nona Telangkas lajeng dipundangu dening ramanipun sinten garwanipun Nona Telangkas ingkang saged ndamel piyambakipun ngandut. Nona Telangkas lajeng nyriyosaken kados wonten inggil.

Nona telangkas lajeng madosi Syeh Maulana Magribi wonten ing wana. Wekdal menika, piyambakipun babaran. Panggenan menika lajeng dipunsebat Desa Babar. Nona Telangkas utawa Rr.Retno Roso Wulan ngasta jabang bayinipun wonten ing tengah wana, lajeng nilaraken jabang bayinipun wonten ngandhapipun wit giyanti ingkang kangge tapa Syeh Maulana Magribi. Sasampunipun mirsani kadon mekaten, Syeh Maulana Magribi mandhap saking wit ingkang kangge tapa, lajeng ndamelaken bokor kencana kangge jabang bayi menika.

Wekdal menika kaleresan uga Dewi Kasian dipuntilar donya garwanipun ingkang asmanipun Aryo Penanggungan. Piyambakipun boten kagungan putra saking jenat Aryo Penanggungan. Saking sayang lan tresnanipun Dewi Kasian kaliyan garwanipun, saben dinten piyambakipun tansah nyekar wonten ing pesareyanipun jenat Aryo Penanggungan. Wonten ing sawijining dinten Syeh Maulana Magribi ngasta putranipun ingkang sampun dipunlebetaken wonten ing bokor lajeng nilaraken putranipun wonten ing sisih pesareyanipun Aryo Penanggungan. Dalu menika, kaleresan Dewi Kasian medal saking dalemipun lan mirsani wonten ing pesareyan garwanipun. Dewi Kasian lajeng mirsani sinar ingkang sumunar nginggil saking pesareyan garwanipun. Sasampunipun dipunpirsani ingkang ngedalaken sinar inggih menika bokor kencana ingkang sae lan endah sanget. Bokor menika lajeng dipunbikak, Dewi Kasian kaget amargi isinipun jabang bayi. Piyambakipun mastani menawi jabang bayi menika saking garwanipun kangge piyambakipun. Jabang bayi menika lajeng dipunasta kondur dening Dewi Kasian.

Kabar ngengingi babagan menika misuwur ngantos pelosok negeri. Para warga masyarakat ugi ngertosipun jenat Aryo Penanggungan maringi jabang bayi kangge Dewi Kasian. Pungkasanipun, Dewi Kasian ingkang kala rumiyin boten kagungan menapa-menapa, wekdal menika dados randha ingkang kagungan bandha kathah sanget. Amargi pikantuk santunan utawi kathah pambiyantu saking tiyang-tiyang ingkang sami dateng menika. Jabang bayi menika lajeng dipunparingi nama Jaka Tarub, amargi jabang menika dipunpundhut saking pesareyanipun aryo Penanggungan ingkang wonten ing Taruban. Wekdal taksih alit, Jaka Tarub utawi Sunan tarub remen sanget madosi kupu wonten ing kebon utawi wana. Sasampunipun mlebet wonten ing wana, Jaka Tarub kepanggih kaliyan tiyang sepuh. Jaka Tarub lajeng dipunparingi aji-aji tulup ingkang dipunsebat Tulup Tunjung Lanang. Tulup menika ingkang mangke dados aji-ajinipun Jaka Tarub utawi Sunan Tarub. Jaka Tarub lajeng nyriyosaken prastawa ingkang nembe dipunalami kaliyan Dewi Kasian. Dewi Kasian lajeng boten maringi ijin malih kangge Jaka Tarub mlebet wana, amargi piyambakipun ajrih menawi mangkenipun Jaka Tarub dipuntiwasaken kaliyan kewan utawi tiyang ingkang boten remen kaliyan Jaka Tarub. Nanging Jaka Tarub boten mirengaken dhawuhipun Dewi Kasian supados boten mlebet wana.

Wonten ing nginggil gunung Jaka Tarub mireng swantenipun manuk ingkang sae sanget, inggih menika manuk perkutut. Piyambakipun lajeng nyaketi lan nulup manuk menika nanging boten saged. Wekasanipun Jaka Tarub mikir lan nganggep manuk menika sanes manuk biasa. Lajeng saking kidul wonten swanten manuk malih, dipuncaketi lan dipuntulup malih nanging tetep boten saged, malah tulup menika ngenani roning jati. Wewengkon ingkang dipntilaraken manuk menika lajeng dipunsebat Dukuh Karang Getas. Jaka Tarub sedih, lajeng wewengkon ingkang dipuntilaraken piyambakipun dipunsebat Dukuh Sedah. Lajeng wonten swanten manuk malih saking kidul, manuk menika dipuncaketi, manuk menika lajeng kepojok.. Wekdal manuk menika badhe dipuntulup, manuk menika mabur ngidul. Wewengkon menika lajeng dipunsebat Dukuh Pojok. Manuk menika lajeng mabur ngidul lan mendel wonten inggil wit asem, wewengkon menika lajeng dipunsebat Dukuh Karangasem. Wekdal ngoyak manuk menika ngidul Jaka Tarub mikir, piyambakipun ngendikan manuk menika godaan. Lajeng wewengkon menika dipunsebat Dukuh Godan. Jaka Tarub lajeng tetep ngoyak manuk menika ngidul malih, wewengkon menika lajeng dipunsebat Dukuh Jentir. Jaka Tarub lajeng terus ngoyak manuk menika, manuk menika mendel wonten inggil wit, nanging boten ngedalaken swanten. Manuk menika mabur ngidul, lajeng wewengkon menika dipunsebat Dukuh Pangkringan.

Jaka Tarub terus ngoyak manuk ngantos dumugi sendang. Wonten ngriku piyambakipun nancepaken tulupipun wonten ing pinggiripun telaga. Nuli salajengipun mendhet toya kagem wudlu. Nalika Jaka Tarub nembe wudlu, widodari dugi wonten ngriku saperlu badhe siram. Salah setunggaling widodari nyelehaken rasukanipun wonten ing nginggilipun tulup. Sabibaripun wudlu Jaka Tarub nuli kondur lan ngaturi pirsa kaliyan biyungipun menawi piyambakipun boten pikantuk manuk ananging pikantuk rasukanipun tiyang estri nalika ing sendang. Sasampunipun ngrungoaken cerita kala wau Dewi Kasian langsung nyimpen rasukan menika wonten ing ngandhapipun ketan ireng ingkang wonten ing lumbung. Jaka tarub mbalik maneh wonten ing endhang mawi beta rasukanipun biyungipun. Dugi ngriku para widodari sampun sami miber, namung setunggal ingkang tasih. Widodari setunggal kala wau susah lan ngendika mbok bilih wonten tiyang ingkang purun sabyantu maring piyambkipun, menawi estri badhe dipun dadoaken dulur sinarawedi, menawi jaler badhe dipun dadosaken semahipun. Boten let dangu Jaka Tarub ingkang mirengaken pangandika ingkang mekaten banjur maringaken rasukanipun biyungipun ingkang dipun beta saking griya, nuli dipun aturi kodur wonten ing griyanipun Jaka Tarub.

Jumbuh kaliyan pangandikanipun Dewi Nawang Wulan nalika taksih wonten ing sendang, pungkasanipun Dewi Nawang wulan kaliyan Jaka Tarub menika mantenan. Sasampunipun mantenan kalawau Jaka Tarub pikantuk gelar Ki Ageng Tarub atau Sunan Tarub. Piyambakipun ingkang nglajengaken perjuanganipun Syeh Maulana Magribi inggih menika nyebaraken syiar Islam. Omah-omah ingkang sampun dipun lampahi setunggal pasangan kala wau ngasilaken putra ingkang dipun paring asma Nawangih.

Nalika Nawangsih taksih alit, wonten kedadeyan ingkang ageng sanget. Dewi Nawang Wulan ninggal pesen kaliyan Jaka Tarub mbok bilih piyambakipun boten mbikak kekep nalika Dewi ngumbahi ing lepen. Ananging jalaran kadhorong rasa pengin ngerti, pungkasanipun Jaka Tarub mbikak kekep kala wau. Sapira kagete Jaka Tarub nalika persa ingkang dipunmasak semahipun kala wau namung sealer wit pari. Mula pari ingkang wonten lumbung menika awet boten nate telas. Dewi Nawang Wulan ingkang mangertos kadadiyan menika duka jalaran semahipun boten ngugemi perintah utawi pesen ingkang sampun dipun paringaken. Saking kadadiyan menika kakuwatanipun Dewi Nawang Wulan ical. Wiwit dinten menika Dewi ngutus semahipun ndamelaken piranti masak ingkang antawisipun lesung, alu, lan tampah. Dados samenika saderengipun ndamel sega, Dewi kedah numbuk gabah langkung rumiyin. Saya dangu pari ingkang wonten ing lumbung menika saya telas. Ngantos pari ingkang ngandhap piyambak inggih menika pari ketan ireng, dipun padosi rasukanipun ingkang kala rumiyin ical wonten ing sendhang. Sasampunipun nemokaken rasukanipun kala wau, muncul kepinginan mbalik wonten ing alam kawidodaren. Saderengipun kesah Dewi maringi weling kaliyan Jaka Tarub mbok bilih menawi putranipun nangis nyuwun dipunteteki supaya dipunselehaken wonten ing ngajeng griya ing nginggilipun anjang-anjang.

Sasampunipun dugi wonten ing alam kawidodaren piyambakipun boten dipun tampi jalaran sampun nglanggar pranatan ingkang wonten ing alam kawidodaren. Saking kadadiyan menika Dewi Nawang Wulan kesah wonten ing segara kidul. Wonten ngriku piyambakipun perang kaliyan Nyai Rara Kidul. Pungkasanipun Nyai Rara Kidul menika kawon lan wiwit menika segara kidul dipun kuasai dening Dewi Nawang Wulan.

Ing wekdal menika kerajaan Majapait dipunkuasai dening Prabu Brawijaya V. Sasampunipun dipun tilar donya dening semahipun, piyambakipun gerah ingkang boten saged saras. Nalika ang Prabu menika tilem piyambakipun ngimpi menawi gerahipun kapengin saras piyambakipun kedah ngrabi kaliyan putri Wiring kuning. Sang Prabu lajeng ngutus patihipun supados ngempalaken sedaya putrid ingkang wonten ing kerajaan, lajeng dipun cocokaken kaliyan putri ingkang wonten ing mimpinipun. Jebul putrid Wiring Kuning menika boten sanes inggih abdi dalemipun kerajaan piyambak. Pramila Prabu brawijaya ngrabi putri Wiring Kuning kala wau. Saking bebojoan kala wau nglairaken putra. Juru Mertani dening Sang Prabu dipun utus ngrumati bayi menika. Dening Juru Mertani bayi kala wau dipun paringi asma Bondan kajawen. Nalika taksih bocah Bondan kajawen ngertos mbok bilih bapak angkatipun badhe tindak wonten ing kerajaan saperlu mbayar pajek. Bondan kajawen kapingin nderek bapakipun kala wau, nanging bapak angkatipun boten ngidini saingga Bondan kajawen mlajeng rumiyen lan dugi ing kerajaan. Sasampunipun dugi ing kerajaan Bondan kajawen minggah wonten ing lelenggahanipun Sang Prabu lan ngonekaken bendhel kerajaan. Pireng bendhel kerajaan muni Sang Prabu duka, bocah alit kala wau dipun lebetaken pakunjaran. Boten let dangu Juru mertani dugi kaliyan beto pari kagem mbayar pajak. Dening Juru mertani Sang Prabu dipun paring persa bilih bocah alit kala wau putranipun Sang Prabu piyambak. Lajeng bocah alit kala wau dipun timbale Sang Prabu kaliyan beta kaca kagem mbandangaken pasuryanipun. Nuli Sang Prabu yakin mbok bilih bocah alit kala wau inggih putranipun piyambak.

Prabu Brawijaya ngutus kaliyan Juru Mertani supados Bondan kajawen dipunbeta maring dalemipun saduluripun Sang Prabu inggih menika Ki Ageng Tarub supados putranipun dipundidik agama Islam. Lan kaliyan ilmu agama Islam sarta tingkah laku ingkang luhur saking Ki Jaka Tarub, Bondan kajawen menika miyos dados tiyang ingkang nguasai kathah perkawis kalebet ilmu agama Islam. Jalaran saking tingkah laku ingkang sae, ilmu ingkang wiyar, lan kapribaden ingkang mateng, Ki Ageng Jaka Tarub njodokaken Bondan kajawen kaliyan Nawangsih. Sabibaripun mantenan Bondan kajawen dipun utus nglajengaken perjuanganipun Ki Ageng Tarub inggih menika nyebaraken agama Islam. Jejodohanipun Bondan kajawen kaliyan Nawangsih menika nggadahi putra Ki Ageng Getas Pandawa. Salajengipun Ki Ageng Getas pandawa nggadahi putra Syeh Abdurrohman utawi ki Ageng Sela. Saking Ki Ageng Sela menika miyosipun raja-raja ing tanah jawi.

0 komentar:

Posting Komentar